Senin, 20 Oktober 2014

LATIHAN B.JAWA KELAS IX (50 butir)



1.       Tembang gedhe uga diarani tembang….
a.        Dolanan
b.        Kawi
c.         Macapat
d.        Dhagelan
2.       Aksara murda iku cacahe ana….
a.        4
b.        5
c.         6
d.        7
3.       Paugerane nulis aksara murda yaiku….
a.        Satembung mung sak aksara
b.        Aksara murda kudu manggon ing wiwitane tembung
c.         Kabeh aksara ditulis murda
d.        Kabeh jawaban bener
4.       Bu indra nulis karangan ing perpustakaan. Yen diowahi dadi basa karma dadi….
a.        Bu indra nyerat karangan ing perpustakaan
b.        Bu indra nulis karangan datheng perpustakan
c.         Bu indra nyerat karangan wonten perpustakaan
d.        Bu indra nganggit karangan wonten perpustakaan
5.       Aksara murda kanggo nulis….
a.        Tembung manca
b.        Jeneng manca
c.         Jeneng kanggo pakurmatan
d.        Kabeh jawaban salah
6.       Cacahe wanda saben sak gatra (larik) diarani….
a.        Guru gatra
b.        Guru lagu
c.         Guru wilangan
d.        Saka guru
7.       Yen arep pidhato amroh lancer kudu….
a.        Gawe naskah pidhato
b.        Ngerteni sapa sing bakal ngrungokake
c.         Maca buku sing akeh
d.        Ngapalake naskah
8.       Perangane pidhatokudu nyangkup kaya sing kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Pambuka
b.        Dudutan
c.         Isi
d.        Donga
9.       Yen lagi pidhato becike kudu….
a.        Nggatekake intonasi
b.        Nggatekake ekspresi
c.         Ora kesusu
d.        Kabeh jawaban bener
10.   Aksara swara cacahe ana….
a.        4
b.        5
c.         6
d.        7
11.   Dasanama yen ing basa Indonesia kasebut….
a.        Homonym
b.        Sinonim
c.         Homofon
d.        Homogram
12.   Anik metu saka kelas katon suntrut jalaran biki rapote ala. Dasanamane tembung suntrut yaiku….
a.        Seneng
b.        Susah
c.         Sumringah
d.        Bungah
13.    Dasamane tembung omah kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Wisma
b.        Pawiyatan
c.         Graha
d.        Bale
14.   Gunane aksara swara yaiku kanggo….
a.        Nulis asma
b.        Pakurmatan
c.         Nulis tembung manca kang kacethakake
d.        Kabeh jawaban salah
15.   Jam 9 wis padha turu. Dasanamane tembang turu, yaiku….
a.        Nendra
b.        Sayah
c.         Arip
d.        Ngaso
16.   Dasanama nduweni teges….
a.        Duwe teges sepuluh
b.        Tegese kabehe sepuluh
c.         Duwe teges padha
d.        Duwe teges akeh
17.   Yen ing sangarepe aksara swara ana aksara sigeg, mula aksara mau kudu….
a.        Dadi pasangan
b.        Dipangku
c.         Digandheng
d.        Ditumpuk
18.   Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Iki perange pidhato sing diarani….
a.        Pambuka
b.        Panutup
c.         Surasa
d.        Pengarep-arep
19.   Sarkara, hartati iku sasmitane tembang….
a.        Asmaradana
b.        Dhandhanggula
c.         Kinanthi
d.        Megatruh
20.   Aksara jawa sing ana murdane, yaiku….
a.        Na, ka, ta, sa, pa, nya, ga, ba
b.        Na, ma, ja, ya, ba, tha, dha
c.         Na, ka, ta, sa, wa, ba, ga
d.        Na, ka, pa, la, ra, ba, sa
21.   Wong kang padha ngenggar-ngenggar ati ing papan wisata diarani….
a.        Wisatawan
b.        Transmigran
c.         Imigran
d.        Emigrant
22.   12u, 6a, 8i, 8a iku paugarane tembang….
a.        Pucung
b.        Maskumambang
c.         Megatruh
d.        Gambuh
23.   Crita rakyat kaperang dadi telu kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Mite
b.        Crita cekak
c.         Legenda
d.        Dongeng
24.   Tembang kang watake sedhih lan kentekan pengarep-arep, yaiku tembang….
a.        Gambuh
b.        Pangkur
c.         Megatruh
d.        Maskumambang
25.   Crita kang isi bab asal-usule panggonan, diarani….
a.        Mite
b.        Dongeng
c.         Legenda
d.        Cerbung
26.   Wisatawan khususe saka manca bisa nekakake….
a.        Devisa
b.        Bea
c.         Laba
d.        Kabeh jawaban salah
27.   Tibaning swara saben sakpada diarani….
a.        Guru lagu
b.        Guru wilangan
c.         Guru gatra
d.        Saka guru
28.   Perangane laying kang nyebutake marang sapa laying ditujokake, diarani….
a.        Wasana basa
b.        Purwaka basa
c.         Adangiyah
d.        Surasa basa
29.   Ati tentrem urip dadi ayem. Tembung ati dasanamane….
a.        Driya
b.        Jantung
c.         Rempela
d.        Kabeh jawaban salah
30.   Wisatawan kang asal saka sajroning Negara diarani….
a.        Wisatawan manca
b.        Wisatawan ora tetep
c.         Wisatawan domestic
d.        Wisatawan logistik
31.   Srinata, logondhang iku sasmitane tembang….
a.        Kinanthi
b.        Asmarandana
c.         Gambuh
d.        Sinom
32.   Titikane aksara rekan, yaiku….
a.        Dijupuk saka aksara latin
b.        Dijupuk saka aksara arab
c.         Dijupuk saka dewanagari
d.        Dijupuk saka aksara jawan lan diwenehi cecak telu
33.   Aksara kang direka-reka kanggo nulis basa manca ing tulisan jawa diarani….
a.        Aksara murda
b.        Aksara rekan
c.         Aksara swara
d.        Aksara dewanagari
34.   8, 8, 8, 8, 8, 8 iku guru wilangane tembang….
a.        Kinanthi
b.        Pangkur
c.         Megatruh
d.        Maskumambang
35.   Guru lagune tembang gambuh yaiku….
a.        u, i, u, i, o
b.        u, u, i, u, o
c.         i, a, i, a
d.        u, a, i, a
36.   panulise aksara jawa diapit….
a.        Pada lingsa
b.        Pada adeg-adeg
c.         Pada lungsi
d.        Pada pangkat
37.   Geguritan diarani puisi bebas sebab….
a.        Bebas anggone njupuk tema
b.        Ora kaiket paugeran
c.         Sapa wae bisa ngarang
d.        Bebas nggunakake basa apa wae
38.   Jinise pada kayata….
a.        Pada adeg-adeg
b.        Pada pangkat
c.         Pada lingsa
d.        Kabeh jawaban bener
39.   Kanggo gantine tanda koma (,) ing tulisan jawa nggunakake….
a.        Pada lingsa
b.        Pada adeg-adeg
c.         Pada lungsi
d.        Pada pangkat
40.   Kanggo gantine tanda titik (.) ing tulisan jawa nggunakake….
a.        Pada lingsa
b.        Pada adeg-adeg
c.         Pada lungsi
d.        Pada pangkat
41.   Ing ngisor iki klebu gunanen pada pangkat, kejaba….
a.        Ngapit angka jawa
b.        Gantine tanda koma loro
c.         Gantine pangkon
d.        Gantine ukara langsung
42.   Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani….
a.        Bebasan
b.        Isbat
c.         Paribasan
d.        Saloka
43.   Pak suryadi kuwi kaya…., katone prasaja nanging pinter banget.
a.        Kebo kabotan sungu
b.        Bathok bolu isi madu
c.         Idi didilat maneh
d.        Legan golek momongan
44.   Budhala esuk aku ora bakal keri. Budhala tegese….
a.        Muga-muga budhal
b.        Akon budhal
c.         Senajan budhal
d.        Umpama budhal
45.   Diaku sedulur merga sugih, bebasane….
a.        Kadang konang
b.        Ana catur mungkur
c.         Keplok ora tombok
d.        Tulung mentung
46.   Nututi layangan pedhot. Kalebu….
a.        Bebasan
b.        Isbat
c.         Paribasan
d.        Saloka
47.   Adusa yen playon terus bakal kringeten. Ukara kasebut kalebu ukara….
a.        Pakon
b.        Sambawa
c.         Pitakon
d.        Sananta
48.   Basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung karma inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa….
a.        Ngoko lugu
b.        Ngoko alus
c.         Karma lugu
d.        Karma alus
49.   Basa ngoko lugu prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Marang wong sing sadrajat
b.        Marang wong sing wis kulina
c.         Marang wong sing luwih enom
d.        Marang wong sing luwih tuwa
50.   Bu guru ….aku supayasregep sinau.
a.        Ngongkon
b.        Diutus
c.         Ngengken
d.        ndhawuhi



Tidak ada komentar:

Posting Komentar